ImageSoegeng Rawoeh wonten ing wisma aloemni SMAN 1 Blitar tahoen 1993. Minangka damel ngeraketaken saha nambahi raos sih katresnan toemprap sesami aloemni'93, pramilo kanthi nyoewoen pangestoenipoen, moegi-moegi songotelu.com saget maringi manfaat ing dalem njengkoejoeng saha ngoeri-ngoeri pasedoeloeran aloemni'93 meniko, noewoen !
 

Depan arrow Coretan 93 arrow Coretan 93 arrow Sambang makam Bung Karno 2009
Sambang makam Bung Karno 2009 PDF Print E-mail
Ditulis Oleh coim   
Saturday, 18 April 2009
ImageUnak-unuk sobo Perpus Bung Karno nyatakne jare mari mbangun gedung theater. Naliko grebek pancasila tahun kepungkur aku melok nyekseni peletakan batu pertama nek lahan kosong sak kulone perpus Bung Karno arep dibangun monumen GONG Perdamaian. Ndilalah wujud'e gedung terbuka. Design interior disesuekne karo gedung perpus, katon nyawiji yen disawang teko plataran ngarep perpus Bung Karno.

ImageWis sawetoro suwe nggonku ndeleng gedung terbuka sing dijenengi Gedung AMPHITHEATER lan wis diresmek'ne kang Djarot Saiful Hidayat wulan pebruari 2009 wingi, aku terus sowan nang pesarehane pepunden wong sak indonesia, Bung Karno. Sak jane wis podo ora nggumun tur yo dadi hal biasa yen to ziaroh nang pesarehan kono, ning iso nyempatne lungguh terus kirim dedungo nyuwun agunge pangapuro dumateng kang murbeng dumadi, kalebu jarang sing kober ngelakoni, aku dewe durung mesti iso setahun pisan ngelakoni masio papan panggonane nang ngarep mata.

ImageJumangkah metu ko paseban makam Bung Karno, mituhu opo kang wis ginaris, dalah panah pinuntun 'jalan keluar' soko pasarean. Arah mengalor sisih wetane pesarehan persis, nemoni lorong ciut kiro-kiro hamung sak meter ambane lan seket meter dawane. Nang kono akeh wong nyegat nawakne aksesoris koyo nang tempat-tempat wisata liyane. Pungkasane lorong, ora setitik enek wong sepuh-sepuh podo ndoprok ngadep komplong, ngemis, nyuwun separing-paring. Lumrah.... ! Indonesia banget.

ImageNgen-ngenku ternyata salah! Tak kiro sak wise lorong entek terus nemu plataran ombo mertandani yen wis metu soko lingkungan makam Bung Karno. Tiba'e terus mlebu kios-kios bakul aksesoris lan barang-barang berbau Soekarnoisme. Panggonan kuwi Kiro-kiro ambane rongatus seket meter persegi, sumpek tur pengab, angel ambek'an saking kebake barang dagangan. Jalur utowo dalan metu digawe mlungker-mlungker kaya ulo, apik kanggone wong sing dodolan, tapi bingung kanggone pengunjung sing arep metu, mergo suwe anggone nemokne gapuro 'keluar'. Opo maneh pratondo 'Pintu keluar' minim banget, sopo wae sing ora tau mlebu area kuwi bakal deg-deg'an iso metu opo ora.

Image
Mbasan  teko njobo, tibane tjekether! Yen disawang kahanane ora koyo metu teko panggonan kaliber nasional, tapi katon membress blekethekan, tur ora mesro! Mungkin memang sik durung mari anggone mbangun, dadi yo sak anane.

Comments
arik   |Registered |2009-04-18 06:54:51
mesro ndi Em karo patung Ganesha cedek omahmu......
W.W   |Administrator |2009-04-18 10:56:10
tertarik banget nyawang teather-e , tulisane sip .., hehe bareng metu tibake
.." mak plekiwir ..." , ngglethek ... hahahaha
Maaf... hanya anggota yang bisa memberi komentar!

3.25 Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved."

 
< Prev   Next >

Advertisement
Obrolan Songo Telu
Latest Message: 9 months, 1 week ago
  • coim : Sabar Dik... sik podo loro bronto! hahahaha...
  • Dadik : sad
  • Dadik : ojo dijarne jar koyok ngene.....
  • Dadik : ayo.... omahe di endangi barang to cah.....
  • dodo : heeh
  • dodo : stolfeste...
  • sigit : dengaren aku mlebu... hehe
  • sigit : sepiiiiiiiiii
  • W.W : onok Gung,  metune lek wes sampean login
  • agung : Aku nggoleki scan-an buku alumni, perasaan dhisik ono nang galery foto, saiki kok nggak ono yo?
Please Login to shout..
Tempat Login
Menune 93
Depan
Coretan 93
Cerita Cerita Lucu
Cerita Dari Rantau
Anggota 93
Links
Daftar
Total Pengunjung