|
||
Depan
Cerita Cerita Lucu
Coretan 93
Riyayan 2008 | Riyayan 2008 |
|
|
|
| Ditulis Oleh Shoim | |||||||||||
| Friday, 10 October 2008 | |||||||||||
|
Mari adus lan ganti klambi sak anane, aku langsung diseret Yoyok metu, numpak sepedah montor. Ndilalah, mandek nang omahe Gus Sharief, Jl. jati Blitar. Nang kono tiba'e wis onok Yani, Kimung, Novan, Juivan, Untung, lan siji maneh sing gawe kagetku yoiku Mas Akbar. Maklum wis pirang tahun ora ketemu, ketemu saiki kok yo pas riyoyo, dadi yo wis ngono kae-lah. Ngobrol ngalor ngidul sing ora luput karo suaro jegagakan dadi kroso gayeng nang omahe Gus Sharief kono. Yani ngetokne HP terus nelpon Bagus Londo, akhire dadi giliran siji-siji ngucap sugeng riyadin nang Bagus Londo sing aku dewe pranyoto suwe mendem roso kangen karo irunge sing mesti abang pucuke kae hehhehehe! Kocap kacarito, acara silaturahim diterusne nang Plumpungrejo, Kademangan. Aku dewe durung pernah rono, dadi yo ora mudeng sopo sing arep di parani. Teko Plumpungrejo, pase deso SOKO ( O depan bacanya spt nyebut mainan Yoyo, O belakang nyebutnya spt nama Yoyok) kiro-kiro setengah 12 awan. Njujuk nang Mesjid Soko, mergo arep silaturahim karo Mbah Kyai kono sing asmane Mbah Bahaudin. Hamergo omahe Mbah Baha' katon tutupan, sak wise markir sepedah montor nang latar Mesjid kono, kabeh nuju ngetan parane. Aku yo tetep durung dong, sopo sing arep disowani iki. Kurang luwih 100 meter teko Mesjid mau, cah-cah kunjuk salam nang omah sing kiwo tengene kebak wit Coklat. Sak wise cah-cah paring salam kinurmatan nang sohibulbait (tuan rumah) aku baru ngeh, nek sing di sowani iki asmane Gus Dawam. Sopo Mbah Baha' lan sopo Gus Dawam, luwih jelas nek sampeyan takon Yani utowo Kimung. Lha pas nang omahe Gus Dawam, cah Rejotangan sing nggantenge uleng-ulengan teko, ndisik cah Bahasa anak buahe Tedy Wijaya, jenenge Much. Suko Prastyo Wiyono. Dewe'e ngajak anak lanange, sing rupane luwih ngganteng tinimbang bapake kikikikikiki! Manjing luhur, cah-cah pamit, terus podo luhuran nang Mesjid ngarep omahe Mbah Baha'. Lha imam sholat luhur tiba'e Mbah Baha' dewe. Sak wise sholat kabeh dipinarakne mlebu omah dening Mbah Baha'. Guyon nemu guyon, akhire Gus Sharief nyuwun Mbah Baha' mimpin dungo sak durunge kabeh mungkur njaluk pamit. Sakteruse, cah-cah mampir nang Es Mini, kecuali Gus Sharief sing ora iso melok mergo nang omahe wis ono tamu sing nunggu piyambake. Lha nang Es Mini wis gak kumanan kursi, terus ngalih nggon nang Jl. Kelud golek Es Campur kidule Soto mangkok cuilik, Sor Seri ( saiki wis ora enek wite seri ). Sak wise cukup anggene ngelahap es campur, Yani ngajak mampir nang omahe Lukman, cedak rel sepur kulone SMA 1. Lukman katon kaget, nggumun, kok cah-cah sik iso podo ngumpul, masio wis ora enek sing bagus maneh hehehhehhe. Ngakak nemu ngakak, tiba'e Lukman luwih parah memorine, ora bedo akeh karo aku hehehhe. Mungguhe Lukman jenengku Syaipul, si Suko dadi KOKO. Cah-cah ngakake wis ora kenek diempet. Teko Lukman cah-cah mulai biyak-biyak bab Tragedi Genting Mushola menjadi Pecel, mugo-mugo Kimung sido nulis crito Genting iku kanggo CCL nang web iki.
Maaf... hanya anggota yang bisa memberi komentar!
Powered by !JoomlaComment 3.25
3.25 Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved." |
|||||||||||
| < Prev | Next > |
|---|
|
| Obrolan Songo Telu |
|---|
|
Latest Message: 9 months, 1 week ago
|
| Tempat Login |
|---|
| Menune 93 | |||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
| Total Pengunjung |
|---|
|
|
Soegeng Rawoeh wonten ing wisma aloemni SMAN 1 Blitar tahoen 1993. Minangka damel ngeraketaken saha nambahi raos sih katresnan toemprap sesami aloemni'93, pramilo kanthi nyoewoen pangestoenipoen, moegi-moegi songotelu.com saget maringi manfaat ing dalem njengkoejoeng saha ngoeri-ngoeri pasedoeloeran aloemni'93 meniko, noewoen !


Cekak'e memori nang utekku, ndadekne soyo angel anggonku pingin crito. Titik-titik tak coba ngeling-eling mboknowo ono lupute mugo-mugo liyane gelem sabiyantu mbenerne.