|
Waktu iku kelas 2 Fis 3, lokasi kelas samping kolam iwak (sekarang di urug). Istilah Emeng Epe iku teko Indra Blandrek Jl. Pamenang (nDrek metuo leee ). Waktu itu ono walkman anyar merek Sony (aku lali seng duwe ) lha suarane (headphone) enak temeen.,. waktu iku ngetop lagu "black or white", michael jackson, waktu itu nyetel banter trus Bu Guru didepan ngongkon aku njawab sesuatu ... lha jejeranku sebelah (ridho prayogi mburi toko ijo) nyablek ,, karena ndak krungu sontak aku mbales .."emeng epe " nah ,, sekelas ngguyu kabeh, aku trus disetrap karo Bu guru tsb, trus dipanggil ke ruangan guru ( rodok lali aku sing iki , sing jelas aku tau dipanggil perkoro nggawe kasus jaman kelas loro , elingku iki), dan sejak iku ngetrend istilah "emeng epe"
Kelas 2 Fis 3 iku seneng bal balan salah sijine mergo ono Harry Firmanto tulungagung sing eks 1.5 , trus usum toh tohan jaman sakmono , mergo pengin maen kene ndesain
kaos kelas .., kaose sing nggawe Mas Thomas dengan logo LAFISTA (lare Fisik Tiga).., kaose molor digawe , tapi logone Kereen ..., Waktu itu anyar anyare duwe kaos iku karo Yani diajak ke Pantai Jolotundo pesta bakar iwak , sebagian numpak pickup Kijang putih (aku nang mburi dkk) sebagian numpak sepeda montor ...
Bar teko Jolosutro tsb sesuke trus tandaing bal balan (lek gak salah lawan 2 sos 3), supoyo menang kene njaluk di tambahi kekuatan karo salah sijine konco , trus digawekke gelang boleh lan ditaleni nang sikil , tibake tetep kalah ae ..., hehe sing mencetak Gol si Wismawirawan
|